Rura basa yaiku basa sing luput ananging dianggep lumrah ana ing basa padinan.
- Tuladha
| adang sega | sing bener | adang beras supaya dadi sega |
| mangan awan | sing bener | mangan sega ing wayah awan |
| mbunteli tempe | sing bener | mbunteli dhele godhog kang wis dirageni |
| menek klapa | sing bener | menek wit klapa |
| mikul dhawet | sing bener | mikul angkring isi wadhah dhawet |
| ndheplok gethuk | sing bener | ndheplok tela supaya dadi gethuk |
| ndhudhuk sumur | sing bener | ndhudhuk lemah kanggo gawe sumur |
| ndondomi klambi | sing bener | ndondomi bakal digawe klambi |
| nganam klasa | sing bener | nganam pandhan/mendhong digawe klasa |
| ngethok gedhang | sing bener | ngethok wit gendhang |
| nguleng sambel | sing bener | nguleg lombok sakbumbune digawe sambel |
| nunggu manuk | sing bener | nunggu pari supaya ora dipangan manuk |
| nyangking banyu | sing bener | nyangking ember isi banyu |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar