Tembung camboran yaiku tembung loro kang digandeng dadi siji.
- Tembung camboran diperang ana loro, yaiku:
- Tembung camboran wutuh/tunggal
Yaiku tembung loro digawe dadi siji nduwe teges anyar.
Tuladha:
| anjani putra | : | anoman |
| bala pecah | : | barang gamapang pecah |
| bapa biyung | : | wong sing ngukir jiwa raga |
| buntut urang | : | rambut ing githok |
| gantung kepuh | : | ora tau ganti sandhangan |
| gantung siwur | : | katurunan kang kaping pitu |
| gotong mayit | : | anak 3 wadon kabeh |
| gilir kacang | : | anak akeh giliran lanang lan wadon |
| imagiri | : | araning panggonan (desa) ing bantul |
| jaran kepang | : | wewangunan kaya jaran digawe saka kepang |
| juru kunci | : | tukang ngrumat papan kramat, sareyan |
| kacamata | : | tesmak, piranti kanggo ndeleng |
| kadhal menek | : | araning gelung (pungkasaning gurung) |
| kala menjing | : | jendholan ing gulu tumrap wong lanang |
| karang malang | : | araning desa |
| mata tuwa | : | wong tuwane bojo |
| nagasari | : | araning panganan |
| perang rusak | : | araning bathik |
| randha royal | : | araning panganan |
| semar mendem | : | araning panganan |
| tutup keyong | : | peperangan omah kampung |
| udan riris | : | corak bathik |
| wanasaba | : | araning kutha |
- Tumbang camboran tugel/wudhar
Yaiku tembung loro digandeng dadi siji kang tegese cedhak karo tembunge.
Tuladha:
| bangjo | : | abang ijo |
| bulik | : | ibu cilik |
| dhelik | : | gedhe cilik |
| dhengus | : | gedhe bagus |
| dubang | : | idu abang |
| kakkong | : | tungkak bokong |
| kongel | : | bokong cengel |
| kosik | : | mengko dhisik |
| lunglit | : | balung kulit |
| pakdhe | : | bapak gedhe |
| pakpuh | : | bapak sepuh |
| perko | : | emper toko |
| tingwe | : | nglinting dhewe |
| thukmis | : | bathuk klimis |
joooos
BalasHapusOmah keong tegar opo yo
BalasHapus